Course info
Saben dina awake dhewe tansah diadhepake klawan sawijining wacan. Umpamane, lumantar pesan cekak (Whatsapp) ing ponsel, status ing medhia sosial, artikel daring, tulisan-tulisan ing medhia cithak, papan iklan, baliho, reklame utawa wawan rembag antarane wong siji lan sijine. Satemene, apa ta wacan kuwi? Wacan mujudakererangkening pratelan kang kaaturake lumantar lisan utawa tulisan kan duweni sesumbangan makna ing antarane perangane basa lan kaiket dening konteks. Salah sawijine wacan yaiku teks deskripsi. coba wacanen lan pahami materi teks deskripsi iki! Banjur kuwi, coba jawaben LKPD 1 sing njlentrehake teks !deskripsi!